Tlatah Yujo
September 19th, 2008 | by Hideident |ora kroso, wis sangang wulan awakku niggalakae tlatah yujo. Januari awal tahun iki, awakku pindahan soko yujo menyang balikpapan, nuruti mlayune wakul lan lakune beras. saiki awakku yo wis ora dewekan maneh, sebabe sewulan kepungkur, wis due garwo, sigaraning nyowo, lan KTP ku yo uwis ora KTP jowo maneh, wis resmi KTP balikpapan.
Yujo… Wis okeh kenangan sak lebete 7 tahun urip nang tlatah e kang adem ayem, murah sakabehane. Dahar nang warung cukup gowo duit limangewu yo wis cukup dahar sego, iwak pitik, esteh karo gorengan. Bedo adoh kalian Urip nang Tlatah Balikpapan, mlebu warung minimal kudu gowo duit limolas ewu.
Ugo Kangen kalian sambel bawange Bu santi, angkringan pak Man mburi stasiun tugu, warunge Lek Min , Warung “larang” Gejayan ( sak gelas esteh regane 1 HP v3i) , Oseng Oseng Mercon Sor Nyamplung , Oseng oseng Mercon kulon malioboro, lan panggon2 kuliner liane. termasuk sing rodo Elit sing ora ono nang Balikpapan , koyo to Dixie Easy Dining , sing awakku jaman sak mono kuate mung sewulan sepisan pas bar gajian. Heheheeh
Piye yo kabare yujo saiki, terakhir awakku ninggalake yujo , Jarene Arep ono “Busway” sing rodo elit sitik, tapi durung nganti aku nonton opo maneh numpak Bus e , wis kebacut kudu mangkat balikpapan nuruti mlayune wajan lan dandang.
Mau Mbengi , garwo ku telpon , takon kapan arep nang jowo , jarene yo wis kangen karo Sor Nyamplung , tapi yo koyone cuti riyoyo iki ora sido mulih Jowo, amargo cuti ne yo mung seminggu , mungkin telung wulan maneh , insya allah mulih jowo.
Kantorku lawas piye yo kabare..
Hehehehe , pertama kali makaryo dadi Operator warnet , mbrangkang karire, dumugi kang pungkasan dadi satpam ISP ( istilah sing rodo Keren : Network and System Administrator ISP) , posisi kang kanggone poro Mahasiswa Teknik Informatika, di anggep Posisi sing paling pinter… padahal asline yo biasa biasa ae. Saben dino dolanan UTP , Wireless , Routing , Firewall, Mail Server , Dns Server , opo opo Server lan kabeh kang berhubungan kalian OSI Layer. soko router kang mung PC jangkrik , nganti IBM server , wis tau ngrasakke nyetting . Awit Router Mikrotik , tekan Router Cisco yo sak ora orane wis tau Ntelnet uwowo Ngonsol. Padahal Pisanan aku mlebu kantor, awakku ora ngerti jenenge Dynamic Routing, opo maneh makluk kang di arani OSPF , RIP , BGP, WDS , VOIP , halah embuh istilah aneh2 sing akhire iso tak sinauni nang Kantor. Nganti kadang sedino mung turu kurang soko limang jam , mung dolanan ngoprek oprek ilmu anyar. Nanging yo ono paidahe , alhamdulillah yo wis ngerti jenenge Jaringan, senajan mung setitik. ora rugi kerja nang ISP meh nganti telung taun.
Ah uwis ah..
wis wektune makaryo maneh.. Wis di telpon karo koncoku di ajak nang Lapangan .
Kapan Kapan Sambung maneh…
Balikpapan Blogger
One Response to “Tlatah Yujo”
By taxiksa on Nov 11, 2008 | Reply
Assalamualaikum wr. wb.
Maos tulisannipun panjenengan kulo kok tambah nderek kemutan basa jawi ingkang enak kepenak,luwes kaliyan alus. Weh jan kulo salut saestu kaliyan panjenengan. Menawi nasib, nuwun sewu kulo malah luwih tebih saking tanah jawi.
Walah sampun nggih, namung mampir sekedap…
matur nuwun.